nyegat bis
6 May, 2008 – 4:20 pmNYEGAT BIS
Ning Ya antri nyegat bis kota katene budhal kerjo.
Pacakane sueksi pol, bengesan abang ambek nganggo rok mini.
Pas katene numpak bis kota, mergo rok minine nguapret pol, sampek sikile Ning Ya gak isok mancik munggah bis.
Ning Ya ngrogoh selerekan nang mburine rok cik rodhok longgar.
Bareng wis didhukno selerekane, sik pancet nguapret ae, sikile Ning Ya tetep gak isok mancik munggah bis.
Ning Ya nyobak pisan ngkas ngedhukno selerekane rok cik tambah longgar.
Tibake sik pancet ngapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.
Ning Ya nyobak maneh sampek ping telu, tetep ae gak isok.
Pi`i sing dadi kondekture wis gak sabar bengok-bengok.
Moro-moro onok tangane wong lanang ndhemok bokonge seko mburi, nyurung Ning Ya munggah bis.
Ning Ya mendelik nguamuk nang wong lanang iku,”Semprul !!! Gak sopan blas peno Cak, wong gak kenal athik wani-wanine ndhemok bokongku !!”.
Wong lanange sing jebule Cak Sur nyauri,”Yo sampeyan Ning sing gak sopan, wong gak kenal athik wani-wanine mlorot selerekan celonoku ping telu.”
You must be logged in to post a comment.